Miwiti

Meta Viewpoints menehi hadiah marang sampeyan amarga wis partisipasi ing program kaya tugas, panliten, survei utawa nyoba prodhuk anyar. Data saka Viewpoints digunakake kanggo mbantu nggawe aplikasi lan layanan sing luwih apik, sarta menehi manpangat kanggo komunitas.

Viewpoints saiki mung kasedhiya kanggo wong-wong sing umure minimal 18 taun. Ananging, kualifikasi kanggo program tartamtu mbokmenawa beda-beda, gumantung marang kabutuhane saben program Viewpoints.

Akun

Sawetara email sing bakal sampeyan tampa saka Facebook Viewpoints iku penting kanggo partisipasi sampeyan. Nanging, sampeyan bisa milih kanggo nampa email liyane, kayata buletin lan kabar anyar komunitas.

Kanggo ngganti setelan email sampeyan:

  1. Bukak aplikasi Viewpoints ing perangkat iOS utawa Android sampeyan.
  2. Tutul Akun ing sisih isor.
  3. Pilih Setelan Email.
  4. Tutul kotak ing sandhinge Uga idinake Viewpoints ngirim buletin lan kabar anyar komunitas menyang email iki.

Kanggo mbusak akun Viewpoints sampeyan:

  1. Bukak aplikasi Viewpoints kanggo iOS utawa Android.
  2. Tutul Akun ing sisih isor.
  3. Pilih Busak Akun
  4. Tutul Busak Akun.

Bukak Pusat Bantuan kanggo nyinaoni apa sing kedadeyan nalika sampeyan mbusak akun Viewpoints sampeyan.

Yen sampeyan durung nampa email konfirmasi, pesthekake mriksa folder Junk, Spam, lan Sampah ing kothak layang. Email bakal dikirim saka Viewpoints.

Kirim maneh email konfirmasi menyang alamat email sing wis sampeyan wenehake
  1. Bukak aplikasi Viewpoints kanggo iOS utawa Android.
  2. Tutul Kirim Maneh Email Konfirmasi.
Kirim email konfirmasi menyang alamat email sing beda
  1. Bukak aplikasi Viewpoints kanggo iOS utawa Android.
  2. Tutul Genti Email Sampeyan.
  3. Anyarake alamat email sing sampeyan wenehake.
  4. Banjur, tutul Konfirmasi.

Saiki sampeyan bisa nggabung ing Viewpoints kanthi mlebu nganggo Facebook utawa ing sawetara kasus nggunakake nomer tilpun sampeyan. Priksa terus kaca Facebook kanggo mangerteni babagan pilihan mlebu liyane ing sesuk mben.

Program

Program bisa awujud tugas, riset, survei, utawa nyoba prodhuk anyar.

Facebook bakal ngabari sampeyan nalika program sumadhiya, kanthi liwat email utawa piweling otomatis. Sampeyan uga bisa nemokake program sing sumadhiya kanthi nutul Program.

  1. Bukak aplikasi Viewpoints ing perangkat iOS utawa Android sampeyan.
  2. Tutul Program ing isor.

Amarga kelayakan program tartamtu manawa beda-beda adhedhasar kabutuhan saben program Viewpoints lan panggonan sampeyan, program iki ora mesthi ditawakake menyang sapa wae. Nanging, kita tansah ngupayakake nggawe program anyar lan bakal ngabari sampeyan nalika program iku kasedhiya kanggo sampeyan liwat email utawa pameling otomatis.

Sampeyan bisa nemokake informasi babagan rincian acara, poin, sarat lan pangumpulan data kanthi nutul ing program tartamtu.

  1. Bukak aplikasi Viewpoints ing perangkat iOS utawa Android sampeyan.
  2. Tutul Program ing isor.
  3. Tutul program tartamtu kanggo nyinaoni luwih jangkep babagan iku.

Kelayakan kanggo program tartamtu bisa beda-beda adhedhasar kabutuhan saben program Viewpoints lan panggonan sampeyan.

Sampeyan entuk poin saben kasil ngrampungake program utawa tugas. Sampeyan uga bisa ndeleng hadiah saka njerone Viewpoints.

  1. Bukak aplikasi Viewpoints ing perangkat iOS utawa Android sampeyan.
  2. Mlebu lan ketuk Hadiah ing ngisor.

Poin ing Viewpoints ora bisa diijolake, didagangake, utawa diandumake menyang wong liya lan ora nduwe nilai kontan, kajaba sampeyan wis entuk poin sing cukup kanggo nampa hadiah. Kabeh poin sampeyan ing Viewpoints bakal kedaluwarsa ing limang taun saka tanggal sampeyan entuk poin sing pungkasan.

Yen sampeyan mung ngrampungake sebagean saka program, sampeyan ora bakal entuk poin lan saben informasi program sing diwenehake bakal dibusak.

Informasi Pusat Bantuan ngisor iki mung ditrapake nalika sampeyan partisipasi ing Program Study liwat Aplikasi Study. Sampeyan bisa nyinaoni babagan pengalaman Program Study ing Study sing anyar liwat artikel Pusat Bantuan Viewpoints.

Sugeng Rawuh ing Study saka Meta Viewpoints. Study iku Program Viewpoints sing menehi hadiah marang para peserta sing wis andum informasi babagan aplikasi apa sing dianggep penting lan cara nggunakake aplikasi kasebut ("Program Study"). Informasi sing sampeyan sedhiyakake iki bakal mbantu kita nggawe prodhuk sing luwih apik kanggo Meta lan komunitas. Sampeyan bisa metu saka Program Study kapan wae.

Informasi pribadhi sampeyan bakal diproses miturutKabijakan Data Viewpoints, Katemtuan Layanan Viewpoints, informasi sing dituduhake marang sampeyan ing Ringkesan Program Study lan informasi sing diwenehake marang sampeyan ing artikel Pusat Bantuan iki.

Kepiye carane partisipasi?

  • Undhuh Aplikasi Study ing ponsel sing paling kerep sampeyan gunakake.
  • Tutake langkah-langkah nyiapake Program Study.
  • Bukak setelan ponsel sampeyan lan wenehi idi Aplikasi Study kanggo ngakses data panggunaan aplikasi sampeyan kanthi nguripake idin panggunaan aplikasi kanggo Aplikasi Study ing setelan perangkat. Tanpa nguripake idin iki, sampeyan ora bakal bisa partisipasi ing Program Study. Idin iki bisa dipateni kapan wae ing setelan ponsel sampeyan.
  • Aplikasi Study mlaku ing latar mburi, dadi gunakake ponsel sampeyan kaya biasane.
  • Partisipasi ing Program Study ing Viewpoints iku mung liwat undangan, adhedhasar kabutuhan program lan panggonan sampeyan.
  • Sampeyan kudu mesthekake yen nggunakake versi Aplikasi Study paling anyar lan sampeyan nginstal panganyaran. Njaga Aplikasi Study tetep dianyarake iku penting kanggo partisipasi ing Program Study, misale supaya saben bug bisa diatasi.
  • Sampeyan bisa metu saka Program Study kapan wae. Partisipasi sampeyan ing Study bakal diterusake nganti sampeyan metu saka Program Study, utawa wurung ndhaptar program iku.

Poin apa sing bakal daktampa?

Sampeyan nampa 500 poin kanggo saben minggu partisipasi ing Program Study (yaiku, nguripake idin panggunaan aplikasi) Sampeyan bakal ndeleng pameling ing Aplikasi Study sawise partisipasi.

Kepiye carane program kasebut nulung Meta?

Insight saka program iki nulung Facebook mangerteni aplikasi endi sing dianggep penting dening leliyan lan kepiye cara aplikasi kasebut digunakake. Kanthi cara iku, kita bisa nggawe prodhuk sing luwih apik kanggo Meta lan komunitas.

Data apa sing diklumpukake Meta saka perangkat selulerku?

Liwat Aplikasi Study, kita nglumpukake data panggunaan aplikasi babagan aplikasi sing diinstal ing perangkat sampeyan nalika sampeyan partisipasi ing Program Study (“data panggunaan aplikasi”). Iki kalebu info babagan:

  • Aplikasi sing diinstal ing ponsel sampeyan, kalebu aplikasi anyar sing sampeyan undhuh nalika sampeyan partisipasi ing Study
  • Wektu sing sampeyan gunakake nalika nggunakake aplikasi
  • Setelan negara, perangkat seluler, jinis jaringan, operator jaringan, lan basa sampeyan
  • Fitur sing sampeyan gunakake ing aplikasi tartamtu, kaya dene kaca ngarep utawa layar dhukungan
  • Jeneng panyedhiya layanan sing ditampilake ing aplikasi sampeyan, kayata jaringan pariwara
  • Supaya jelas, data panggunaan aplikasi ora ngatutake ID pangguna, sandi, utawa konten sing diandumake, kalebu pesen
Kepiye Meta nggunakake informasi iki?
  • Informasi sampeyan mbantu kita ngentukake insight kanggo riset bisnis lan prodhuk. Conto, kita bisa nggunakake insight kanggo mangerteni aplikasi sing digunakake dening wong lanang ing Prancis ing kisaran umur tartamtu, sing bakal bisa mbantu kita mangerteni aplikasi apa sing migunane kanggo demografi iku lan carane kita ngapikake layanan kanggo demografi iku.
  • Info sampeyan mbantu kita mangerteni aplikasi endi sing dianggep penting karo wong lan piye carane digunakake.
  • Informasi sampeyan mbantu kita luwih mangerteni komunitas kita kanggo ngapikake Prodhuk Perusahaan Meta.
Kepiye Meta nggunakake informasi saka akun Facebook lan Instagram sampeyan sasuwene nggunakake Study?

Kita nggunakake informasi sing gegandhengan karo akun Facebook lan Instagram sampeyan bebarengan karo data panggunaan aplikasi sing diklumpukake liwat Study kanggo nggawe insight data sing nggambarake populasi sing luwih gedhe. Informasi sing diklumpukake kalebu:

  • Informasi Demografi: Informasi umur, jinis kelamin, lan panggonan sing gegandhengan karo akun Facebook lan Instagram sampeyan.
  • Tanggal Akun Digawe: Tanggal sampeyan diundang gabung Facebook utawa Instagram, nalika sampeyan nggawe akun, lan nalika akun sampeyan wis dikonfirmasi.
  • Preferensi Aplikasi: Model perangkat, sistem operasi, utawa browser web sing sampeyan gunakake kanggo ngakses Facebook utawa Instagram, perangkat utama sampeyan lan setelan basa sing sampeyan senengi.
  • Interaksi aplikasi, lan Informasi Turunan saka Facebook lan Instagram: Jumlahe kanca, panjalukan kekancan lan pengikut sing sampeyan duweni, jinis lan jumlah kaca sarta wong sing sampeyan tutake, sampeyan nduwe gambar profil utawa ora, kasenengan sampeyan.

Kita uga nggunakake tanggal sampeyan ngakses informasi Facebook lan Instagram babagan level kagiyatan sampeyan ing saben aplikasi.

Kepiye pengaruhe marang pangalamanku ing Prodhuk Perusahaan Meta?
  • Kita ora nambahake data panggunaan aplikasi sing diklumpukake liwat partisipasi sampeyan ing program Study menyang akun ingProdhuk Perusahaan Meta liyane.
  • Data panggunaan aplikasi sampeyan sing diklumpukake liwat Study ora bakal digunakake kanggo nindakake personalisasi pangalaman sampeyan, (kalebu nyedhiyakake lan ngapikake pariwara kanggo sampeyan lan wong liya) ing Prodhuk Perusahaan Meta.
  • Kanggo mangerteni informasi liyane babagan pangumpulan lan panggunaan data ing program Viewpoints, bukak Kabijakan Data Viewpoints.
Kepiye carane data diandumake antarane Aplikasi Study lan Aplikasi Viewpoints?
  • Aplikasi Study digunakake kanggo nggampangake Program Study.
  • Program Study andum informasi menyang Viewpoints supaya Viewpoints bisa nyedhiyakake layanan miturut Sarat, contone Study andum informasi menyang Viewpoints babagan apa sampeyan melu Program Study supaya sampeyan bisa nampa poin lan hadiah.
  • Program Study uga bakal ngandumake informasi tartamtu marang Viewpoints yen sampeyan njaluk salinan informasi sampeyan liwat Kepiye carane aku njaluk lapuran informasi Viewpoints.
  • Ora ana data panggunaan aplikasi sing diandumake menyang Aplikasi Viewpoints.
Apa aku bisa nggunakake telponku bareng wong liya nalika partisipasi ing Study?

Wong-wong sing partisipasi ing program Study ora bisa andum telpone bareng wong liya utawa ngidini wong liya ngakses utawa nggunakake telpone dheweke.

  • Yen kita ndheteksi wong liya wis nggunakake perangkat sampeyan, kita ora bakal nggunakake data sing diklumpukake saka dina iku lan data kuwi bakal dibusak.
  • Sampeyan isih bakal nampa 500 poin kanggo partisipasi saben minggu.
  • Kanggo mangerteni informasi liyane babagan pangumpulan lan panggunan data ing program Viewpoints, bukak Kabijakan Data.
Ana apa yen aku mateni idin Panggunaan Aplikasi kanggo Aplikasi Study ing setelan perangkatku?
  • Yen sampeyan mateni idi panggunaan aplikasi kanggo Aplikasi Study ing setelan perangkat, kita bakal menehi pituduh carane nguripake maneh.
  • Yen sampeyan nguripake maneh idi panggunaan aplikasi ing Aplikasi Study ing setelan perangkat, kita bakal miwiti nglumpukake lan nganalisis data panggunaan aplikasi, sing bisa uga kalebu data panggunaan aplikasi saka saperangan dina sadurunge.
Sepira suwene data panggunaan aplikasi disimpen?

Data panggunana aplikasi sampeyan sing diklumpukake Aplikasi Study bakal disimpen nganti jangka wektu 2 taun wiwit tanggal sampeyan:

  • Mungkasi partisipasi sampeyan ing program Study kanthi nutul ‘Metu saka Program’ ing ringkesan program.
  • Wis murungake dhaptar saka program Study (waca “Kepiye carane sampeyan murungake dhaptar Program Study?”)
Kepiye carane sampeyan bisa murungake dhaptar saka Program Study?

Kita bisa uga mungkasi partisipasi sampeyan kapan wae lan wurung ndhaptarake sampeyan saka Program Study. Yen iki kedadeyan:

  • Sampeyan bakal nampa pesen yen sampeyan wis murungake dhaptar.
  • Sampeyan ora bakal ndeleng Program Study ing Aplikasi Viewpoints lan bakal ditokake saka Aplikasi Study.
  • Supaya jelas, sampeyan ora bakal bisa mlebu maneh ing Aplikasi Study.
  • Kita bakal ngendhegake nganalisis data panggunaan aplikasi anyar, lan sampeyan bakal nampa 500 poin kanggo partisipasi sampeyan ing seminggu pungkasan.

Alesan kita bisa uga mungkasi partisipasi sampeyan kalebu:

  • Amarga alesan interaksi, contone sampeyan mateni idin panggunaan aplikasi utawa sampeyan uninstal Aplikasi Study.
  • Amarga alesan turunan riset, contone yen kita nduwe peserta akeh banget saka panggonan tartamtu.
Kepiye carane sampeyan metu saka Program Study?

Saben tumindak ing isor iki nyebabake sampeyan metu saka Program Study (wacanen “Ana apa yen sampeyan metu saka program iki?”):

  • Ing sajrone Aplikasi Viewpoints sampeyan nutul ‘Metu Program’ saka ikhtisar program lang mungkasi partisipasi ing program Study.
  • Sampeyan mbukak Aplikasi Viewpoints lan mbusak akun sampeyan.

Ngertenana yen sampeyan uninstal/mbusak Aplikasi Study utawa mateni idi panggunaan aplikasi kanggo Aplikasi Study ing setelan perangkat, Aplikasi Viewpoints isih bakal nyatakake yen sampeyan partisipasi ing Program Study nganti sampeyan murungake dhaptar (wacanen “Kepiye carane sampeyan murungake dhaptar saka Program Study?”)). Nanging, kita ora bakal mroses data panggunaan aplikasi maneh (wacanen “Ana apa yen aku mateni idi Panggunaan Aplikasi kanggo Aplikasi Study ing setelan perangkatku?”).

Kepiye manawa aku metu saka program?

Sampeyan bisa metu saka program iki kapan wae liwat aplikasi Viewpoints. Kanggo mungkasi nglumpukake data, busak aplikasi Study saka ponsel sampeyan.

  • Kita bakal ngendhegake nganalisis data panggunaan aplikasi anyar, lan sampeyan bakal nampa 500 poin kanggo partisipasi sampeyan ing seminggu pungkasan.
  • Ngertenana yen saben Aplikasi butuh data tartamtu supaya bisa fungsi. Dadi, kanggo mungkasi kabeh pangumpulan data dening aplikasi Study, uninstal Aplikasi Study saka ponsel sampeyan. Kita terus nglumpukake informasi babagan perangkat, jinis jaringan, lan pangidentifikasi unik sampeyan liyane nganti sampeyan uninstal Aplikasi Study ing ponsel. Iki informasi sing dibutuhake kanggo Aplikasi Study supaya bisa fungsi.
Kepiye carane sampeyan uninstal/mbusak Aplikasi Study?

Sampeyan bisa uninstal/mbusak Aplikasi Study kanthi mbusak Aplikasi Study saka perangkat liwat salah siji metode konvensional mbusak Aplikasi ing isor:

  • Uninstal Aplikasi Study liwat setelan ponsel sampeyan.
  • Tahan Aplikasi Study ing kaca ngarep sampeyan lan pilih “uninstal” saka sub-menu sing metu
  • Mbusak aplikasi liwat Google Play Store.
  • Uninstal liwat metode liyane sing bisa uga diaktifake dening versi tartamtu ponsel sampeyan.
Kepiye carane kanggo ngidini Study mlaku ing latar mburi telpon Samsungku?

Idinake Study saka Meta nggunakake batere nalika mlaku ing latar mburi.

Kanggo Android 10 utawa sing luwih dhuwur:

  1. Tutul terus ikon aplikasi Study kira-kira 3 detik, nganti metu menu cilik ing sandhuwure ikon Study.
  2. Pilih Info aplikasi, banjur pilih Batere.
  3. Ing sangisore Atur panggunaan baterei, aktifake Idini kagiyatan latar mburi.
  4. Yen kanthi default Idini aktivitas latar mburi wis urip, pateni lan uripake maneh.

Kanggo Android 9 (Pie), 10, utawa sing luwih dhuwur 11:

  1. Ing setelan telpon sampeyan, tutul Layanan piranti, banjur pilih Baterei.
  2. Ing sangisore Manajemen daya aplikasi utawa Watesan panggunan latar mburi, tambahake Study menyang dhaptar Aplikasi sing ora bakal dipateni sawetara utawa Aplikasi sing ora nate dinonaktifake.

Kanggo Android 7 (Nougat) utawa 8 (Oreo):

  1. Ing setelan telpon sampeyan, tutul Perawatan piranti, banjur pilih Baterei.
  2. Ing ngisore Ngirit daya, tambahake Study menyang dhaptar Aplikasi sing ora diawasi.

Kanggo Android 6 (Marshmallow) utawa sing luwih lawas:

  1. Ing setelan ponsel sampeyan, tutul Aplikasi, banjur tutul more.
  2. Ing sangisore Akses khusus, tutul Optimalake panggunaan baterei.
  3. Golekana Study saka Meta ing dhaptar kasebut lan pesthekake yen aplikasi kuwi ora dipilih.

Facebook nindakake seri survei kanggo mangerteni pengalamane lan sikape wong-wong tumrap vaksin COVID-19, kalebu carane informasi sing sampeyan deleng ing media sosial bisa mengaruhi pengalaman lan sikap iki.

Insight sing ditampa saka tanggepan survei iki bakal dianalisis bebarengan karo saperangan kagiyatan sampeyan ing Facebook lan Instagram (kaya dijlentrehake ing isor) kanggo nulung Facebook nindakake penelitian iki lan ningkatake prodhuk sarta layanan Facebook. Informasi pribadhi sampeyan bakal diproses miturutKabijakan Data Viewpoints, Katemtuan Layanan Viewpoints, informasi sing dituduhake marang sampeyan ing Ringkesan Program lan informasi sing diwenehake marang sampeyan ing artikel Pusat Bantuan iki.

Poin apa sing bakal daktampa?

Sampeyan nampa poin kanggo saben survei sing dirampungake (antarane 200 lan 400 poin saben survei, sing bakal dituduhake marang sampeyan sadurunge survei). Totale, sampeyan bakal nampa 2.000 poin kanggo ngrampungake kabeh program.

Kepiye carane Facebook nggunakake informasi sensitif ing tanggepan survei?

Sawetara pitakonan ing program Survei Vaksin COVID-19 (“Program”) ing Viewpoints bakal njaluk sampeyan nyedhiyakake informasi babagan kesehatan, agama, ras, utawa ideologi politik. Amarga iku, kita bakal ngandalake pasetujon eksplisit sampeyan kanggo nglumpukake lan ninjo tanggepan survei sampeyan. Facebook bakal nganalisis tanggepan survei sampeyan bebarengan karo sawetara kagiyatan sampeyan ing Facebook lan Instagram kanggo mangerteni carane informasi sing dideleng wong-wong ing media sosial mengaruhi pengalamane dheweke karo vaksin COVID-19. Supaya bisa nggayuh tujuan iki, Facebook bakal:

  • Nganalisis pengaruh prodhuk lan pesen Facebook sing ana ubungane karo vaksin COVID-19.
  • Mbandhingake tingkat paparan konten sing ana ubungane karo vaksin COVID-19, vaksin liyane, utawa kesehatan utawa kebugaran sing kasedhiya ing Facebook lan Instagram.
  • Mangerteni carane komunitas, konten, lan prilaku ing Facebook lan Instagram bisa mengaruhi sikap lan keputusan kesehatan umum.
  • Ngevaluasi kualitas prodhuk lan pesen Facebook sarta ningkatake utawa mbusak prodhuk lan pesen iki adhedhasar sing ditemokake ing penelitian iki.
  • Mbusak informasi apa wae sing bisa digunakake kanggo ngidhentifikasi sampeyan sadurunge ngandumake data anonim marang peneliti akademis eksternal.
Sampeyan bisa murungake pasetujon lan mbusak data survei ing Ringkesan Program utawa setelan Privasi & Data ing aplikasi Viewpoints kapan wae.
Kepiye carane Facebook nggunakake data sampeyan saka akun Facebook lan/utawa Instagram dhuwekku kanggo riset iki?

Supaya sampeyan bisa partisipasi ing Program iki lan kita bisa nindakake riset, kita perlu nglumpukake lan nganalisis jinis informasi tartamtu saka akun Facebook utawa Instagram bebarengan karo tanggepan survei sampeyan. Kita mbutuhake iki kanggo mangerteni dampak prodhuk lan pesen sing ana ubungane karo vaksin COVID-19 ing Facebook lan Instagram, nggawe wawasan sing nggambarake populasi sing luwih gedhe, lan ningkatake prodhuk.

Facebook nindakake iki nggunakake ID perangkat jajaran prodhuk Facebook kanggo mriksa akun Facebook lan Instagram ing telpon sampeyan. Banjur Facebook nggunakake rincian akun Viewpoints sampeyan kanggo ndeleng apa ana akun sing cocog. Kita uga bisa nyocogake akun Viewpoints sampeyan nganggo akun Facebook lan Instagram sampeyan yen sampeyan nggawe akun Viewpoints kanthi mlebu karo Facebook, utawa yen akun Facebook utawa Instagram sampeyan wis ditambahake menyang Pusat Akun.

Kita bakal nglumpukake informasi ing ngisor iki saka akun Facebook lan Instagram banjur nganalisis info kasebut bebarengan karo tanggepan survei kanggo nindakake riset babagan kepiye informasi sing ditemokake wong ing media sosial mengaruhi pengalamane dheweke karo vaksin COVID-19.

  1. Informasi Demografi: Umur, jinis kelamin, lan informasi panggonan sing ana ubungane karo akun Facebook lan/utawa Instagram.
  2. Tanggal Akun Digawe: Tanggal sampeyan wis diundang nggabung Facebook utawa Instagram, nalika sampeyan nggawe akun lan nalika akun sampeyan wis dikonfirmasi.
  3. Preferensi Aplikasi lan Perangkat: Model perangkat, sistem operasi, utawa browser web sing sampeyan gunakake kanggo ngakses Facebook utawa Instagram, perangkat utama sampeyan lan setelan basa sing sampeyan senengi.
  4. Interaksi aplikasi, Paparan Konten, lan Informasi Turunan saka akun Facebook lan Instagram sampeyan:
  • Jumlah kanca lan pengikut sing sampeyan duweni.
  • Jinis lan jumlah kaca lan wong sing sampeyan tutake. Conto, informasi sing ubungane karo apa sampeyan ngetutake kaca babagan panganan utawa yen sampeyan ngetutake influencer media sosial.
  • Grup sing nggabung.
  • Paparan lan interaksi sampeyan karo konten sing ana ubungane karo COVID-19 lan konten liyane sing gegandhengan karo kesehatan.
  • Sampeyan nduwe poto profil utawa ora.
  • Kesenengan sampeyan.
  • Informasi sing kita tampa saka sampeyan.
  • Tanggal sampeyan ngakses informasi Facebook lan Instagram babagan tingkat kagiyatan ing saben aplikasi.
Informasi sing diklumpukake babagan interaksi aplikasi lan paparan konten Facebook lan Instagram sampeyan digabungake sadurunge dianalisis dening Facebook kanggo nindakake riset.
Apa sing kedadeyan nalika aku narik idi kanggo nggunakake tanggepanku babagan Survei Vaksin COVID-19?

Sampeyan bisa narik idi kanggo menehi tanggepan survei kapan wae liwat layar Ringkesan Program utawa liwat setelan Privasi lan Data ing Aplikasi Viewpoints. Sawise narik idi kasebur, yen sampeyan narik idi kanggo ngidini Viewpoints nggunakake tanggepan survei sampeyan, kalebu sing ngamot data sensitif, sampeyan bakal metu saka Program, data Program sampeyan bakal dibusak lan ora bakal dianalisis maneh tumrap data saka Facebook lan Instagram.

  • Kita bakal mbusak data Program sampeyan kanggo Program iki sajrone 90 dina. Informasi iki manawa wis dianalisis kanggo tujuan riset.
  • Sampeyan bakal nyimpen poin utawa hadiah apa wae sing wis sampeyan tampa.
  • Yen sampeyan narik idi, iki ora bakal menehi dampak tumrap kelayakan sampeyan kanggo melu ing program Viewpoints liyane.
Iki carane Facebook nggunakake kabeh tanggepan survei lan data liyane sing diwenehake ing program Survei Vaksin COVID-19:
  • Tanggepan survei sampeyan disimpen kanthi aman lan aksese diwatesi kanggo paguyuban wong sing dipilih ing Facebook, sing nggarap platform Viewpoints utawa sing nindakake riset.
  • Kita bakal nyimpen data Program sampeyan ing status jeneng samaran kanggo periode nganti 2,5 taun saka tanggal sampeyan ngrampungake survei sing pungkasan. Tanggepan survei iki disimpen kanggo mangerteni tren global jangka wektu cendhak lan dawa babagan carane informasi sing dideleng wong-wong ing media sosial mengaruhi pengalamane dheweke karo vaksin COVID-19 lan vaksin liyane. Sawise jangka wektu iki, tanggepan sampeyan bakal didadekake anonim.
  • Tanggepan sampeyan marang pitakonan ing Program iki ora bakal digunakake kanggo nindakake personalisasi pengalaman sampeyan, utawa kanggo nyedhiyakake utawa ningkatake pariwara kanggo sampeyan lan wong liyane ing Facebook lan Instagram
  • Minangka bageyan saka riset iki, Facebook bakal nggawe anonim data Program sampeyan sadurunge ngandumake data marang peneliti akademi eksternal. Kanggo mangerteni informasi liyane babagan carane Facebook mroses data sampeyan ing Viewpoints, deleng Kabijakan Data Viewpoints.

Pambayaran

Nalika sampeyan gabung menyang Facebook Viewpoints, Facebook bakal ngabari pira jumlah poin sing sampeyan butuhake kanggo nampa pambayaran.

Gumantung saka jinis akun pambayaran sing sampeyan sambungake karo akun Facebook Viewpoints, sampeyan bakal nampa pambayaran sing dikirim kanthi langsung menyang akun PayPal sampeyan.

Wektu sing dibutuhake kanggo nampa pambayaran iku gumantung saka jinis akun pambayaran sing sampeyan sambungake menyang akun Viewpoints sampeyan.

  • PayPal: Pambayaran bakal ditransfer menyang akun Paypal sampeyan sajrone 7 nganti 10 dina sawise sampeyan nebus hadiah ing Viewpoints.
  • Perks WW: Pambayaran bakal ditransfer menyang akun hadiah Perks WW sampeyan sajrone 1 nganti 3 dina sawise sampeyan nebus hadiah ing Viewpoints.
  • Tremendous: Tremendous bakal ngirim pambayaran sampeyan sajrone 3 dina sawise nebus sampeyan nebus hadiah ing Viewpoints.

    Pambayarane sampeyan bakal dikirim menyang email utawa nomer tilpun sing sampeyan konfirmasi dhisik nalika ndhaptar Viewpoints. Sampeyan bisa ndeleng nomer tilpun utawa email sing dadi tujuan pangiriman pambayarane sampeyan ing setelan Pambayaran ing aplikasi Viewpoints.

Kanggo nampa pambayaran, sampeyan kudu nebus hadiah ing Viewpoints dhisik. Sawise nebus hadiah, sampeyan bakal nampa pambayaran gumantung saka jinis akun pambayaran sing sampeyan sambungake menyang akun Viewpoints sampeyan.

  • PayPal:Pambayaran bakal dikirim langsung menyang akun PayPal sampeyan. Kanggo nampa pambayaran, sampeyan kudu verifikasi akun PayPal sampeyan. Pambayaran mung bisa dikirim menyang akun PayPal sing wis diverifikasi.
  • Perks WW: Pambayarane bakal dikirim langsung menyang akun hadiah Perks WW sampeyan. Kanggo nampa pambayaran, sampeyan kudu ngrampungake nggawe akun hadiah Perks WW sampeyan.
  • Tremendous: Pambayarane sampeyan bakal dikirim menyang email utawa nomer tilpun sing sampeyan konfirmasi dhisik nalika ndhaptar Viewpoints. Sampeyan bisa ndeleng nomer tilpun utawa email sing dadi tujuan pangiriman pambayarane sampeyan ing setelan Pambayaran ing aplikasi Viewpoints.

Manawa PayPal iku salah sawijining opsi pambayaran sing kasedhiya kanggo sampeyan nalika kaping pisanan ndhaptarake program sampeyan ing Viewpoints, sampeyan bakal dijaluk nyambungake akun PayPal sadurunge gabung menyang program kasebut.

Manawa sampeyan kangelan kanggo nyambungake akun PayPal, bukak Pusat Pitulungan PayPal.

Ora ana beya sing ditrapake sing gegandhengan karo partisipasi ing Viewpoints.

Iki bisa gumantung saka jinis akun pambayaran sing sampeyan sambungake karo akun Viewpoints sampeyan.

  • PayPal: Konfirmasi pambayaran bakal dikirim menyang sampeyan liwat email, nomer tilpun, lan/utawa pesene sampeyan ing aplikasi Viewpoints, saben sampeyan nampa pambayaran. Sampeyan bisa uga nemokake rincian pambayaran ing Hadiah.
  • Perks WW: Nalika sampeyan nebus hadiah ing Viewpoints, Perks WW bakal ngirimi sampeyan email sawise sampeyan bisa nggunakake hadiah kuwi ing situs web dheweke.
  • Tremendous: Nalika sampeyan nebus hadiah ing Viewpoints, Tremendous bakal ngirimi sampeyan email utawa SMS sawise sampeyan bisa nggunakake hadiah kuwi ing situs web dheweke.

Iki bisa gumantung saka jinis akun pambayaran sing sampeyan sambungake karo akun Viewpoints sampeyan.

  • PayPal: Yen pambayaran sampeyan wis diproses nganti luwih saka 10 dina, utawa yen sampeyan nampa email utawa pameling otomatis kanthi informasi yen ana masalah karo pamrosesan pambayaran sampeyan, pesthekake akun PayPal sampeyan wis diverifikasi lan email sampeyan wis dikonfirmasi.

    Kanggo pitakonan babagan PayPal, bukak Pusat Pitulungan PayPal. Yen sampeyan isih ngalami masalah, ubungi Dhukungan Pambayaran Viewpoints saka aplikasi.

  • Perks WW: Bisa dibutuhake wektu nganti 3 dina supaya pambayaran mlebu menyang akun hadiah Perks WW sampeyan. Yen pambayaran sampeyan wis diproses nganti luwih saka 3 dina, utawa yen sampeyan nampa email utawa pameling otomatis kanthi informasi yen ana masalah karo pamrosesan pambayaran sampeyan, pesthekake yen sampeyan wis ngrampungake nggawe akun hadiah Perks WW sampeyan. Kanggo pitakonan babagan Perks WW, mangga bukak Pusat Pitulungan Perks WW.
  • Tremendous: Bisa mbutuhake wektu nganti 3 dina kanggo Tremendous ngirim pambayarane sampeyan menyang email utawa nomer telepon. Yen pambayarane sampeyan wis diproses nganti luwih saka 3 dina, utawa yen sampeyan nampa pameling sing nyatakake yen ana masalah karo pamrosesan pambayarane sampeyan, kirim email menyang help@tremendous.com.

Gumantung saka metodhe pambayaran endi sing ditawakake marang sampeyan, sampeyan bisa nampa pambayaran liwat PayPal, Perks WW, utawa Tremendous.

Privasi lan Data

Data sing diklumpukake saka saben program (kayata survei, tugas, lan riset) mbantu Facebook kanggo nggawe aplikasi lan layanan sing luwih apik, uga menehi mupangat kanggo masarakat. Sadurunge saben program, Facebook bakal njelasake data apa sing diklumpukake lan piye carane digunakake. Iki nulung supaya sampeyan bisa njupuk keputusan sing tepat.

Kanggo mangerteni luwih jangkep, mangga waca Kabijakan Data.

Ora. Informasi Viewpoints sampeyan ora bakal diandumake kanthi umum ing akun Prodhuk Perusahaan Facebook sampeyan liyane. Facebook uga ora ngedol informasi sampeyan saka aplikasi iki menyang pihak katelu.

Kanggo mangerteni informasi liyane babagan praktek data Viewpoints, mangga waca Kabijakan Data.

Iki sing bakal kedadeyan nalika sampeyan mbusak akun Viewpoints sampeyan:

  • Manawa sampeyan nate menehi rincian PayPal, sampeyan ora bakal bisa nggawe akun anyar nganti setaun.
  • Manawa sampeyan ora nate menehi rincian PayPal, sampeyan ora bakal bisa nggawe akun anyar nganti 30 dina.
  • Sampeyan bakal nyimpen pambayaran sing wis ditampa.
  • Sampeyan ora bakal bisa login menyang akun Viewpoints sampeyan kanggo ndeleng riwayat program lan riwayat hadiah sampeyan, lan poin sampeyan bakal ilang.
  • Sampeyan ora bakal nampa email, pesen teks, utawa pameling otomatis saka Viewpoints.
  • Kita bisa nyimpen informasi idhentitas kanthi winates miturut Kabijakan Privasi Viewpoints lan ukum sing ditrapake.
Kanggo mangerteni informasi liyane babagan data sing diklumpukake Viewpoints, mangga waca Kabijakan Data Facebook.

Manawa sampeyan ora partisipasi ing program, Facebook ngumpulake info babagan piranti, jinis jaringan, lan pangenal khas sampeyan kanggo operasional aplikasi. Sadurunge sampeyan gabung menyang saben program, Facebook bakal njelasake data apa wae sing dikumpulake lan kepiye cara nggunakake data kasebut. Kanggo mangerteni luwih lengkap babagan pangumpulan data ing program Facebook Viewpoints, mangga bukak Kawijakan Data.

Sampeyan bisa murungake pasetujon lan mbusak data survei saka program survei sing sampeyan melu partisipasi ing njerone kapan wae.

Kanggo murungake pasetujon saka program survei:

  1. Bukak aplikasi Viewpoints kanggo iOS utawa Android.
  2. Tutul Akun.
  3. Tutul Privasi & Data.
  4. Tutul Tarik Pasetujon.
  5. Pilih program survei sing sampeyan partisipasi ing njerono, sing pengin sampeyan tarik pasetujone lan busak datane.
  6. Tutul Tarik Pasetujon.